Jumat, 24 Januari 2014

Cerkak Basa Jawa by Kiki


Hi my fans, kikiest or what should i call you guys ^^
ok, readers, my readers
here you can get a little about my story, actually this is a bit true story
enjoy reading, i'll be back with the translation soon ^O^ happyy reading ^^

 
English sub here : cerkakbykikienglishsub.blogspot.com


Kemah

            Dina Minggu anggone wong padha leren nyambut gawe. Sedina wae paling penak kanggo turu utawa leyeh – leyeh ing ngarep TV. Nanging sekolahku nganakake kemah dinggo kelas 7 sing arep ngrampungke tugas pramuka. Dina kuwi aku lan kanca-kancaku kemah ana ing kebon, kebon? La ngapa? Sebab papane iku cilik tur ing tengah kutha, ora bisa kasebut alas. 

            Sabtu wengi, aku lan Rita dewean ana ing tenda, kebon seng tak kira rame iku jebul mung sedela, jam 10an dalan wis sepi saka motor, mobil, apa maneh wong mlaku. Jejeran tenda ing mburi lan ngarepku ya wis sepi, kabeh bocah wis dikumpulke ing lapangan, aku ya wis siap-siap

“Na” celuk Rita “Ina, wani ra?” pitakone Rita marang aku sing lagi wae ngadek nggawa senter

“aku...” aku mikir sikik, ngewaske kiwa tengen padha peteng kabeh

“aku pengen melu”

“ya wes melu wae, aku ra papa” wangsulku nentremke atine Rita

“ya... aku tak ganti” Rita mbalik memburi, nyepakake tas karo jaket dinggo jelajah wengi ngganteni aku, sebab kudu ana sing jaga tenda menawa padha lunga kabeh.

Gelem ra gelem, seneng ora seneng aku bakalan jaga tenda ing tengah wengi iki. Suara – suara aneh bakal tak krunguni senajan aku mung ijen. Gemeter anggonku mlaku mengarep ketemu karo wong jaketan brukup.

“Ta” celukku karo Rita sing wis ngadek ing ngarep pager

“aku ra sido melu, kowe wae Na” aku ra wani takon apa – apa, aku mung meneng karo manthuk. “ati – ati ya” omonge Rita bareng mbak Indah sing wis siap nyebul sempritan

            “Wes genep iki, wes ana sing jaga tenda tha?!” omonge Desi karo ngitungi prajurite sing antik – antik sandange. Salah siji kancaku ana sing gawa tasbih, boneka cilik disak ing saku jaket dan gawa HP.

“wes siap” Herlin ngulungke tongkat. Tongkat iku kanggo nuntun mlaku nalika jelajah mbengi tanpa ngewaske dalan. Saben bocah kudu gawa sapu tangan lan dinggo nutupi mripat.

“wes rampung durung” Desi ngobahke tongkat sing kepisan, tandane aba – aba wis siap dinggo.

Nalika ing dalan kabeh bocah padha rumangsa kesel, seng mau padha banter – banter nyanyi yel – yel saiki wis kaya murid mutung bareng disengeni guru. Kabeh padha mandhek nanging kudu tetep ngadek.
 “haaaaaaa... kowe arep nengdi ayo melu aku” reti – reti suara aneh kuwi mbisiki aku, “ayo melu neng kana ana dolanan akeh.... uripmu bakal seneng” wah...bejaku aku reti sapa sing ngomong yaiku mbak Nana kancane mbak Indah, sapa maneh nek dudu??
 
“mas.... ababmu mambu ya...” krunguku seko mburi barisan lanang. Banjur aku lan kanca ngarepku padha ngguyu. 

“AJA...AJA...A JA.. AKUUUU” suarane Desi bengok buyarke sepi ing tengah wengi. Kabeh kanca – kanca padha ngguyu kepingkel – pingkel nganti bubrah anggone baris. 

Bareng kabeh diakon bukak sapu tangan mau, kethok padhang rupa – rupa kesel, lan ngantuk.

“misi keridewe yaiku ‘aku disenengi cah cilik, luwih – luwih sing bocah wadon. Aku kerep digawa, didandani. Sapa aku?’ ” Desi macakke kertas sing digawa mbak – mbak panitia mau. Kabeh langsung mlayu ngrubung lapangan sing jarene boneka mau disimpen
 
 “mbak tenanan ora iki boneka?” pitakone Desi karo panitiane. Nanging padha ra gelem mangsuli anggone jawab ya dikon nyenteri.

       Nganti 15 menit durung ketemu barang mau, panitia ngumumake bali wae ing tenda, khahanan wis ora kapeneran. Ana sing nangis, nesu – nesu, lan sejenise sebab wis wengi jam 12 wayahe padha turu. Ngaranku aku lan sak regu nemoni kasenengan sebab bisa bareng – bareng tiba ing dalan, bengak – bengok karo panitia sing geret – geret dadi weweden, lan bareng – bareng ngrembuk jawaban teka – teki nganti rampung.

by : RNR