Hi my fans, kikiest or what should i call you guys ^^
ok, readers, my readers
here you can get a little about my story, actually this is a bit true story
enjoy reading, i'll be back with the translation soon ^O^ happyy reading ^^
English sub here : cerkakbykikienglishsub.blogspot.com
Kemah
Dina Minggu anggone wong padha leren nyambut gawe. Sedina
wae paling penak kanggo turu utawa leyeh – leyeh ing ngarep TV. Nanging sekolahku
nganakake kemah dinggo kelas 7 sing arep ngrampungke tugas pramuka. Dina kuwi
aku lan kanca-kancaku kemah ana ing kebon, kebon? La ngapa? Sebab papane iku
cilik tur ing tengah kutha, ora bisa kasebut alas.
Sabtu wengi, aku lan Rita dewean ana ing tenda, kebon
seng tak kira rame iku jebul mung sedela, jam 10an dalan wis sepi saka motor,
mobil, apa maneh wong mlaku. Jejeran tenda ing mburi lan ngarepku ya wis sepi,
kabeh bocah wis dikumpulke ing lapangan, aku ya wis siap-siap
“Na” celuk Rita “Ina,
wani ra?” pitakone Rita marang aku sing lagi wae ngadek nggawa senter
“aku...” aku mikir
sikik, ngewaske kiwa tengen padha peteng kabeh
“aku pengen melu”
“ya wes melu wae, aku
ra papa” wangsulku nentremke atine Rita
“ya... aku tak ganti”
Rita mbalik memburi, nyepakake tas karo jaket dinggo jelajah wengi ngganteni
aku, sebab kudu ana sing jaga tenda menawa padha lunga kabeh.
Gelem ra gelem, seneng
ora seneng aku bakalan jaga tenda ing tengah wengi iki. Suara – suara aneh
bakal tak krunguni senajan aku mung ijen. Gemeter anggonku mlaku mengarep
ketemu karo wong jaketan brukup.
“Ta” celukku karo Rita
sing wis ngadek ing ngarep pager
“aku ra sido melu, kowe
wae Na” aku ra wani takon apa – apa, aku mung meneng karo manthuk. “ati – ati
ya” omonge Rita bareng mbak Indah sing wis siap nyebul sempritan
“Wes genep iki, wes ana sing jaga tenda tha?!” omonge Desi
karo ngitungi prajurite sing antik – antik sandange. Salah siji kancaku ana
sing gawa tasbih, boneka cilik disak ing saku jaket dan gawa HP.
“wes siap” Herlin
ngulungke tongkat. Tongkat iku kanggo nuntun mlaku nalika jelajah mbengi tanpa ngewaske
dalan. Saben bocah kudu gawa sapu tangan lan dinggo nutupi mripat.
“wes rampung durung”
Desi ngobahke tongkat sing kepisan, tandane aba – aba wis siap dinggo.
Nalika ing dalan kabeh
bocah padha rumangsa kesel, seng mau padha banter – banter nyanyi yel – yel
saiki wis kaya murid mutung bareng disengeni guru. Kabeh padha mandhek nanging
kudu tetep ngadek.
“haaaaaaa... kowe arep
nengdi ayo melu aku” reti – reti suara aneh kuwi mbisiki aku, “ayo melu neng
kana ana dolanan akeh.... uripmu bakal seneng” wah...bejaku aku reti sapa sing
ngomong yaiku mbak Nana kancane mbak Indah, sapa maneh nek dudu??
“mas.... ababmu mambu
ya...” krunguku seko mburi barisan lanang. Banjur aku lan kanca ngarepku padha
ngguyu.
“AJA...AJA...A JA..
AKUUUU” suarane Desi
bengok buyarke sepi ing tengah
wengi. Kabeh kanca – kanca padha ngguyu kepingkel – pingkel nganti bubrah
anggone baris.
Bareng kabeh diakon bukak
sapu tangan mau, kethok padhang rupa – rupa kesel, lan ngantuk.
“misi keridewe yaiku
‘aku disenengi cah cilik, luwih – luwih sing bocah wadon. Aku kerep digawa,
didandani. Sapa aku?’ ” Desi macakke kertas sing digawa mbak – mbak panitia mau. Kabeh langsung mlayu
ngrubung lapangan sing jarene boneka mau disimpen
“mbak tenanan ora iki boneka?” pitakone Desi
karo panitiane. Nanging padha ra gelem mangsuli anggone jawab ya dikon nyenteri.
Nganti 15 menit durung
ketemu barang mau, panitia ngumumake
bali wae ing tenda,
khahanan wis ora kapeneran. Ana sing nangis, nesu – nesu, lan sejenise sebab wis wengi jam 12 wayahe padha turu.
Ngaranku aku lan sak regu nemoni kasenengan sebab bisa bareng – bareng tiba ing
dalan, bengak – bengok karo panitia sing geret – geret dadi weweden, lan bareng
– bareng ngrembuk jawaban teka – teki nganti rampung.
by : RNR
Tidak ada komentar:
Posting Komentar